Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Nglembara Mburu Ngilmu - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa

Kabeldakwah.com

Nglembara Mburu Ngilmu.Pdf 

Judul Asli: Kisah Menakjubkan Dalam Menuntut Ilmu.

Oleh: Ust. Dr. Abu Zakariya Sutrisno

Alih Basa Jawi: Muhammad Wasito

Khutbah Kapisan:

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا مَزِيْدًا

 يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا ﷲ حَقَّ تُقَاتِه وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ (ال عمران: ١۰٢)

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا ﷲَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأرْحَامَ إِنَّ ﷲَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا (النساء: ١)

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوﷲَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ ﷲَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا (الاحزاب: ٧۰ - ٧١)

أَمَّا بَعْدُ:

Jama’ah ibadah Jum’ah rahimakumullah,

Langkung rumiyen sumangga kita tansah muji syukur dumateng Allah. Karana sedaya nikmat ingkang tumanduk ing kita sami. Sumangga kita syukur kanthi estining syukur, mboten sekedar ing lisan ananging bil qolbi wal lisaani wal jawaarih. syukur ing ati, lisan lan amal perbuatan. Sak lajengipun sholawat lan salam mugi tansah kacurah ing panutan kita, nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Mboten katalumpen lumantar mimbar Jum’at punika khatib ngemutaken diri khatib ugi jama’ah sedaya, tansaha ningkataken keimanan lan ketaqwaan dumateng Allah subhanahu wa ta’ala. Taqwa punika sak sae-saenipun bekal ing dunya napa malih ing akhirat mangke. Allah dawuh,

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

“Padha goleka sangu, sal temene sak becik- becike sangu yaiku takwa.” (QS. Al-Baqarah: 197)

Kaum muslimin rahimakumullah,

📖 Ilmu punika samukawis ingkang agung. Ilmu punika landasan iman, amal lan sanes- sanesipun. Saking punika, ayat ingkang sepisanan tumurun non injih QS Al Alaq 1 - 5 ingkang intinipun perintah supados maca lan sinau. Allah paring dawuh,

اقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِي خَلَقَ. خَلَقَ الْإِنسَانَ مِنْ عَلَقٍ

“Macawa kalawan (nyebut) asma Pengeranira kang hanitahake, kang wus hanitahake manungsa saka sagumpel getih…” (QS Al Alaq: 1 - 2)

Ngangsu ilmu punika nggadahi kautaman ingkang katah sanget. Ing antawisipun, bilih nyinau agama (tafaqquh fiddin) kalebet amalan ingkang paling utami lan kalebet tanda kabecikan piyantun muslim. Rasulullah shalallahu ‘alaihi wasallam paring pangandika,

مَنْ يُرِدِ اللهُ بِهِ خَيْرًا يُفَقِّهْهُ فِيْ الدِّيْنِ

“Sapa kang dikersaake dening Allah antuk kabecikan,Allah bakal paring kefahaman agama marang deweke." (HR Bukhari lan Muslim)

 Karana agengipun kautaman ngupadi ilmu, mangka mboten aneh kita panggihi kisah-kisah ingkang elok nalika menuntut ilmu. Kita cuplikaken ing mriki sak peranganipun:

📌Kisah kapisan: Kisah Nabi Musa alaihissalam.

Mboten namung manungsa biasa, para Nabi ugi ngangsu ilmu. Non injih Nabi Musa, alaihissalam, kalimurahman ingkang ngangsu ilmu dumateng Khidzir alaihissalam, Allah ngisahaken ing surat al Kahfi ayat 60 - 82. Saking firmanipun Allah ta'ala,

وَإِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِفَتَاهُ لَا أَبْرَحُ حَتَّىٰ أَبْلُغَ مَجْمَعَ الْبَحْرَيْنِ أَوْ أَمْضِيَ حُقُبًا

Lan (elinga) nalika Musa dawuh marang muride: "Aku ora bakal mandeg (lumaku) sak durunge tumeka ing patemon segara loro,utawa aku bakal lumaku nganti matahun-tahun".

Kisah Nabi Musa ngangsu ilmu punika kalebet kisah ingkang luar biasa, satemah Allah nglanggengaken wonten ing Al Qur’an. Katah sanget faedah lan piwulang ing mriki. Faedah saking kisah punika, bilih para nabi ugi ngangsu ilmu. Faedah sanesipun, ampun ngantos kita rumaos sombong lan mboten purun ngangsu ilmu dumateng piyantun ing sak andhap kita. Nabi Musa langkung mulya karana panjenengan ipun kalebet Nabi ulil azmi, wondene Khidir tasih dipun perselisihaken kenabiyanipun. Faedah sanesipun, sak mestinipun kita nglampahi safar kangge menuntut ilmu.

📌Angka kalih: Kisah Abu Hurairah radhiyallahu anhu.

Para sahabat sanget-sanget semangat ngupadi ilmu saking Rasulullah shallallahu alaihi wassallam. Antawisipun, sahabat ingkang nonjol njih punika Abu Hurairah, sahabat ingkang paling katah ngriwayataken hadits (5374 hadits). Namipun Abdurrahman bin Shokhr Ad Dausi al Yamani. Masuk Islam radi akhir sekitar tahun ke 7 Hijriyah nalika perang Khaibar sahingga sekitar 4( sekawan) tahun gesang kalawan Nabi. Abu Hurairah paling katah ngriwayataken hadits tinimbang sahabat sanesipun, karana:

- kalebet ahlushshufah ingkang manggen ing Masjid Nabawi

- lan fokus ndereaken saben tindakipun Nabi ing pundi kemawon

- lan hafalan ingkang kuat lantarakan do’a Nabi

- gesangipun tasih lami sak pengkeripun Rasulullah wafat ( wafatipun sekitar 57H)

Faedah saking kisah Abu Hurairah njih punika pamrayogi supados sabar nanggung pahitipun ngupadi ilmu. Ibnu Abbas lila dados ahlusshufah ingkang sarwa cumpen ing ekonomi,murih saged sinau kalawan Rasulullah. Faedah sanesipun njih punika,kita mesti tansah semangat sajroning belajar, manfaataken wekdal sak sae-saenipun lan mulazamah dumateng piyantun ingkang berilmu.

🧷Kisah angka tiga: Kisah Ibnu Abbas radhiyallahu anhu.

Ibnu Abbas punika ahli tafsir lan ugi katah ngriwayataken hadits (paling katah urutan nomer gangsal, sak bibaripun Abu Hurairah, Ibnu Umar, Anas bin Malik lan Ummul Mukminin Aisyah). Pikantuk kaberkahan do’a Rasulullah. Rasulullah nate ndungakaken Ibnu Abbas“Duh Allah mugi Paduka paring kefakihan ing agama lan paringana pangertosan takwil (tafsir)”.

Salah satunggiling faedah saking kisah Ibnu Abbas njih punika,pamrayogi supados manfaataken mangsa muda kangge belajar. Faedah sanesipun njih punika ngurmati ilmu lan ahli ilmu. Ibnu Abbas sowan dumateng para sahabat kangge nyerep ilmu karana rumaos butuh kalawan ilmu.

🏷️Kisah angka sekawan: Jabir bin Abdillah

Salah sawijining kisah ingkang endah rikala pados ilmu njih punika kisahipun Jabir bin Abdillah, nglampahi perjalanan setunggal wulan namung kangge mireng setunggal hadits. Jabir bin Abdullah penasaran kalawan satunggiling hadits ingkang piyambakipun dereng nate mireng langsung saking Rasulullah. Hadits punika nyariyosaken kahanan manungsa ing ari kiamat. Jabir ugi kepingin mireng hadits kasebat saking sumberipun ingkang mireng langsung saking Rasulullah njih punika Abdullah bin Unais ingkang dumunung ing negeri Syam. Wondene Jabir bin Abdullah dumunung ing Madinah. Jabir lajeng siyap-siyap nglampahi perjalanan panjang, Jabir lajeng tumbas satunggal ekor onta kangge alat transportasi. Totalipun nelasaken wekdal sewulan perjalanan saking Madinah tumuju Syam. Faedah agengipun njih punika, perjuangan besar mencari ilmu.

🔖Kisah angka gangsal: Kisah Imam Bukhari rahimahullah

Temtu kita mboten asing kalawan Imam Bukhari, panganggit Jami’ Shahih ingkang minangka kitab karangan manungsa ingkang paling shahih. Imamipun para ahlil hadits. Muhammad bin Ismail al Bukhari lahir 194 H ing daerah Bukhara, ingkang nggadahi kecerdasan lan kekuatan hafalan ingkang ngedap-edapi. Sampun ngapal al Qur’an wiwit alit, nekuni ilmu agama wiwit anem, nggadahi katresnan ageng dumateng ilmu hadits.Asring nglembara kangge mburu hadits. Katah sanget daerah ingkang dipun kunjungi kados Madinah, Makah, Syam, Mesir, Baghdad lan sanesipun. Piyambakipun ngabaraken menawi nggadahi langkung saking sewu (1000) guru ingkang dipun tulis haditsipun. Ing antawising gurunipun ingkang kasuwur njih punika Imam Ahmad bin Hambal, Imam Ali bin Madini, lan Yahya bin Ma’in. Ing antawising sebab piyambakipun saged nggadahi kathah sanget guru, njih punika karana sampun belajar ilmu wiwit alit lan asring nglembara mburu ilmu. Piyambakipun ugi nggadahi kathah sanget murid ingkang dados ulama’ besar ing babakan hadits kados dene Imam Muslim, Imam Tirmidzi, Ibnu Khuzaimah, Imam Abu Hatim, Imam Ibnu Abi Dunya, lan sanesipun. Piyambakipun wafat tahun 256H.

Makaten khutbah kapisan ingkang saged kita aturaken, mugi manfaati.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

 

Khutbah Kapindho:

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

Jama’ah ibadah Jum’ah rahimakumullah.

Pados ilmu pancen mboten gampil, ananging pahalanipun sanget-sanget ageng. Kalebet kautaman ngupadi ilmu ingkang salajengipun njih punika bade dipun gampilaken lampahipun tumuju suwarga. Rasulullah paring pangandika:

وَمَنْ سَلَكَ طَرِيقًا يَلْتَمِسُ فِيهِ عِلْمًا سَهَّلَ اللهُ لَهُ بِهِ طَرِيقًا إِلَى الْجَنَّةِ،

“Sapa kang lumaku ing sawijining dalan karana golek ilmu yekti Allah bakal nggampangake lakune tumuju suwarga. " (HR Muslim dari Abu Hurairah)

Alhamdulillah ing khutbah kapisan sampun kita aturaken kisah-kisah ingkang endah nalika pados ilmu. Mugya kisah-kisah kasebat saged hanjurung kita langkung semangat pados ilmu. Kawulo cuplik sekedik malih saperangan kisah luar biasa ing bab temenipun para ulama’ nalika mburu ilmu. Temenipun ing maca, temenipun ing nulis, temenipun ing safar pados ilmu lan sanesipun. Ibnu Basykuwal nyariyosaken bilih Abu Bakr bin Athiyyah mungsal- mangsuli maos kitab Shohih Bukhori ngantos 700 kaping.

Al-Muzani ngendika: “Aku maca kitab ar-Risalah anggitan asy-Syafi’i wiwit limang tahun kapungkur, saben-saben aku maca, aku pikoleh faedah anyar kang durung dak pikolehi sak durunge.”

Para ulama salaf semangat nulis buku. Ing antawisipun ingkang luar biasa njih punika imam Ibnu Aqil ingkang nulis kitab Al Funun. Kitab punika dumugi 400 jilid, satemah sebagian ulama ngendikaaken dumugi 800 jilid.

📒Imam Abu Hatim Ar Razi rahimahullah ngandharaken bilih piyambakipun nate mlampah langkung saking 1000 farsakh. Ing mangka setunggal farsakh punika langkung saking 5 km! Dados, Madinah, Syam, Mesir lan sanesipun.

Wonten malih cariyosipun Imam Baqiy bin Makhlad Al Andalusi rahimahullah. Piyambakipun lumampah saking Andalus lajeng tumuju Afrika lajeng tumuju Baghdad, imam punika Nate mlampah langkung saking 5000 km kangge pados ngilmu!!! Dereng malih perjalananipun kanthi nitih kendaraan. Conto kisah luar biasa sanesipun, njih punika ing babakan meguru. Asring para salaf sinau dumateng atusan satemah ewonan guru. Ngantos wonten ingkang nggadahi 7000 syaikh (guru)!!

Kulo cekapi semanten kisah-kisah ingkang endah ing bab menuntut ilmu .

Mugi- mugi kita saged nyemangati jiwa ing babakan golek ngilmu. Sumangga kita tutup khutbah punika kalawan sholawat lan doa.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ

وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى نَبِيِّهِ مُحَمَّدٍ وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اَلْعَالَمِينَ

KabeL DakwaH
KabeL DakwaH Owner Gudang Software Al-Amanah

Posting Komentar untuk "Nglembara Mburu Ngilmu - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa"