Iman Iku Dalan Keslametan - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa
![]() |
Kabeldakwah.com |
Sumber:
Ust. Slamet Abu Hasif
Khutbah Pertama:
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ، نَحْمَدُهُ، وَنَسْتَعِينُهُ، وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ
بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا، وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا.
مَنْ
يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ،
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ
إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا
أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ
وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي
تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ
لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ
فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا
بَعْدُ:
فَإِنَّ
خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صلى الله
عليه وسلم
وَشَرَّ
الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ، وَكُلَّ بِدْعَةٍ
ضَلاَلَةٌ، وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ
Para sedherek
sedaya sidang shalat jum’at ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala
Mangga kita
tansah ningkataken keimanan lan ketaqwaan, yekti tiyang ingkang iman badhe
dipun jagi dening Allah ta’ala. Lan bakal diparingi pitedah tumuju margi
kesaenan ing agama lan kadonyanipun.
Ingkang dipun
wastani Taqwa menika nindakaken sedaya dhawuhipun Allah. Jumbuh kalian
syariatipun Allah karana ngajeng ajeng ganjaran saking Allah ta’ala. Semanten
ugi nilaraken sedaya laranganipun Allah. Adhedhasar syariatipun Allah karena
ajrih dhumateng pasiksanipun Allah ta’ala.
Kaum muslimin,
jamaah shalat jumat ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala
Jejibahan ingkang
paling luhur mungguhipin tiyang iman. Kewajiban paling agung ingkang dipun
dhawuhaken dening Allah ta’ala dhumateng manungsa. Inggih punika nuwuhaken
keimanan dhumateng Allah lan dhumateng sedaya perkawis ingkang wajib dipun
Imani arupi rukun iman. Allah ta’ala dhawuh:
لَّيْسَ ٱلْبِرَّ أَن
تُوَلُّوا۟ وُجُوهَكُمْ قِبَلَ ٱلْمَشْرِقِ وَٱلْمَغْرِبِ وَلَٰكِنَّ ٱلْبِرَّ
مَنْ ءَامَنَ بِٱللَّهِ وَٱلْيَوْمِ ٱلْءَاخِرِ وَٱلْمَلَٰٓئِكَةِ وَٱلْكِتَٰبِ
وَٱلنَّبِيِّۦنَ
وَءَاتَى ٱلْمَالَ
عَلَىٰ حُبِّهِۦ ذَوِى ٱلْقُرْبَىٰ وَٱلْيَتَٰمَىٰ وَٱلْمَسَٰكِينَ وَٱبْنَ
ٱلسَّبِيلِ وَٱلسَّآئِلِينَ وَفِى ٱلرِّقَابِ
ۗ وَأَقَامَ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَى
ٱلزَّكَوٰةَ وَٱلْمُوفُونَ بِعَهْدِهِمْ إِذَا عَٰهَدُوا۟ ۖ وَٱلصَّٰبِرِينَ فِى
ٱلْبَأْسَآءِ وَٱلضَّرَّآءِ وَحِينَ ٱلْبَأْسِ
أُو۟لَٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ
صَدَقُوا۟ ۖ وَأُو۟لَٰٓئِكَ هُمُ ٱلْمُتَّقُونَ
“Dudu kabecikan
nalika sira ngadhepake rai tumuju sisih wetan lan kulon. Ananging kabecikan iku
kanggo wong kang iman marang Allah, dina kiamat, para malaikat, kitab kitab,
lan iman marang para nabi.
Semono uga
nginfakake bandha kang ditresnani marang sanak kadang, bocah yatim, wong
miskin, musafir kang mbutuhake pitulungan, wong ngemis, lan uga budhak.
Sarta nindakake
shalat, bayar zakat, netepi janji nalika janji. Sabar nalika kahanan rekasa,
kahanan susah, lan nalika perang. Iku mangkono pinangka wong wong kang jujur
lan dheweke iku kalebu wong kang padha taqwa.” (QS Al Baqarah: 177)
Kanthi iman
manungsa saged anggayuh derajat inggil wonten ngarsanipun Allah. Kanthi iman
menungsa saged slamet saking slengetanipun geni neraka lan slamet saking
kamurkanipun Allah ta’ala. Kanthi iman manungsa seged anggayuh kasuwargan
langgeng lan saged pinanggih kalian Allah kang Maha Welas lan Maha Asih.
Ma’asyiral
muslimin jama’ah shalat jumat ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala
Perkawis ingkang
paling wajib wonten panggesangan alam donya inggih menika nyinaoni saha
mangertosi keimanan. Manungsa ingkang medal saking alam donya niki kanthi boten
mangertosi keimanan. Ateges piyambakipun medal saking kadonyan kanthi kahanan
dereng ngraosaken ecanipun donya.
Pramila saking
punika wajib tumrapipun kaum muslimin nggatosaken perkawis iman punika kanthi
kawigatosan ingkang sae. Nyinaoni keimanan kalawau lajeng ngamalaken punapa
ingkang dados suraosipun.
Iman menika boten
namung kendhat wonten ing lisan lan pengakuan kemawon. Ananging keimanan menika
kapitadosan kukuh bakuh wonten ing ati. Lan ugi amal shalih ingkang dipun
tindakaken dening raga. Iman menika pangucap lan amal shalih. Iman menika
aqidah lan syariat, iman menika sregep lan sabar nindakake amal shalih. Kados
ingkang dipun dhawuhaken dening kanjeng nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wa
sallam ;
أَلاَ وَإِنَّ فِى
الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ، وَإِذَا فَسَدَتْ
فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ. أَلاَ وَهِىَ الْقَلْبُ
“Mangertia sira
kabeh menawa ana sajroning raga iku ana daging setampel. Menawa becik, bakal
becik sekabehing raga. Menawa rusak bakal rusak sekabehing raga. Yaiku ati.” (HR
Bukhari: 52, Muslim: 1599)
Para jamaah
sedaya, iman niku boten
namung mandheg wonten ing ati kemawon. Ananging amal shalih menika ugi kalebet
peranganipun iman. Pramila nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
,الْإِيمَانُ بِضْعٌ وَسَبْعُونَ، أَوْ
بِضْعٌ وَسِتُّونَ شُعْبَةً، فَأَفْضَلُهَا قَوْلُ: لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ،
وَأَدْنَاهَا إِمَاطَةُ الْأَذَى عَنِ الطَّرِيقِ
وَالْحَيَاءُ شُعْبَةٌ
مِنَ الْإِيمَانِ
“Iman iku ana
pitung puluhan cawang cacahe, utawa sewidakan cawang. Sing paling utama
pangucap Lailaha illallah. Sing paling asor nyingkirake gangguan saka dalan.
Lan sifat isin iku kalebu perangane keimanan.” (HR Bukhari: 9)
Hadits ingkang
minulya punika paring piwucal bilih keimanan menika wonten ingkang dumunung ing
ati. Wonten ingkang dumuning ing lisan. Lan wonten ugi ingkang dumunung ing
amal shalih.
Iman menika
anggadhahi cawang ingkah kathah. Anggadhahi jinis lan perangan ingkang maneka
warna. Nalika manungsa nindakake perangan perangan keimanan kalawau. Satemah
keimananipun saya mundhak lan saya kukuh bakuh. Saya inggil derajatipun lan
saya kathah ganjaranipun wonten ngarsanipun Allah.
Lan saben saben
manungsa niku nilaraken peranganipun keimanan kalawau. Badhe saya suda
keimananipun. Saya asor derajatipun lan saya sekedhik ganjaranipun wonten
ngarsa dalem Allah ta’ala.
Pramila saking
menika kula panjenengan sedaya kedah mangertosi bilih, sedaya pangibadahan lan
ketaatan ingkang kita tindakaken kagem nyelak dhumateng Allah ta’ala. Niku
sedaya kalebet peranganipun iman. Shalat niku iman, haji niku iman, shiyam niku
iman, zakat niku iman.
Ngabekti
dhumateng tiyang sepuh niku pinangka iman, nyambung tali pasedherekan niku ugi
pinangka iman. Sedaya pangibadahan lan kabecikan ingkang damel kula panjengen
sedaya cerak dhumateng Allah niku pinangka peranganipun keimanan.
Salajengipun kita
ugi kedah mangertosi bilih nilaraken, ninggalaken sedaya tumindak maksiat lan
dosa, kemungkaran, kezaliman niku ugi kalebet peranganipun keimaman. Nabi
shalallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh;
لَا يَزْنِي الْعَبْدُ
حِينَ يَزْنِي وَهُوَ مُؤْمِنٌ وَلَا يَسْرِقُ حِينَ يَسْرِقُ وَهُوَ مُؤْمِنٌ
وَلَا يَشْرَبُ حِينَ
يَشْرَبُ وَهُوَ مُؤْمِنٌ وَلَا يَقْتُلُ وَهُوَ مُؤْمِنٌ
“Wong kang
tumindak zina iku dudu wong iman nalika zina. Wong kang nyolong iku dudu wong
iman nalika nyolong. Wong kang nginum ciu iku dudu wong iman nalika nginum. Lan
wong kang mateni iku dudu wong iman nalika dheweke mateni.” (HR Bukhari: 6311)
Hadits punika
ngemu piwucal saking kanjeng nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam. Bilih sedaya
tumindak kemaksiatan niku nyuda keimanan lan ngringkihake agama. Sinten kemawon
piyantunipun, ingkang anggadhahi gegayuhan badhe ngiataken keimanipun, lan
ngukuhaken agaminipun.
Prayogi
piyambakipun mlajar, mlayu ngadoh saking tumindak ingkang asor, lelageyan
ingkang awon, patrap ingkang nalisir saking paugeran syariat arupi maksiat.
Sadangunipun nglampahi gesang wonten ngalam donya niki.
Sebab sedaya
tumindak kalawau saged anjalari dukanipun Allah ta’ala. Allah ta’ala dhawuh:
إِنْ تَجْتَنِبُوا
كَبَائِرَ مَا تُنْهَوْنَ عَنْهُ نُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ
وَنُدْخِلْكُمْ مُدْخَلًا كَرِيمًا
“Menawa sira
kabeh ninggalake dosa dosa gedhe kang dilarang. Yekti Ingsun bakal ngilangi
sekabehe dosa kaluputanmu. Lan Ingsun bakal angganjar suwarga langgeng kanggo
sira kabeh.” (QS An Nisa’: 31)
Para sedherek
sedaya jamaah shalat jumat ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala.
Ing antawisipun perkawis wigati ingkang kedah kita gatosaken ; Nun injih
ngreksa, njaga keimanan niki supados boten ical lan muspra. Sebab gangguan, ugi
panggodha pangrencananipun setan menika maneka warna. Utaminipun wonten ing
jaman modern sapunika.
Kula panjenengan
sedaya kedah ngatos atos, mawas dhiri lan waspada saking sedaya perkawis
ingkang saged anjalari kita tebih saking keimanan lan saking paugeran agami
Islam ingkang kita tresanani niki. Sampun sinebat wonten salebetipin hadits
ingkang shahih, bilih satunggalipun sahabat asmanipun Sufyan bin Abdillah Ats
Tsaqafi radhiyallahu anhu nate taken dhumateng kanjeng nabi shalallahu ‘alaihi
wa sallam:
قُلْتُ: يَا رَسُولَ
اللهِ قُلْ لِيْ فِيْ الإِسْلاَمِ قَوْلاً لاَ أَسْأَلُ عَنْهُ أَحَدًا غَيْرَكَ.
قَالَ: قُلْ أَمَنْتُ بِاللهِ ثُمَّ اسْتَقِمْ
“Aku matur; Dhuh
kanjeng nabi mugi paduka kepareng ngendikake satunggalipun perkawis ingkang
boten kula takenaken dhumateng tiyang sanes sasampunipun paduka.
Tumuli kanjeng
nabi dhawuh: Kandhakna dening sira aku iman marang Allah banjur istiqamaha.” (HR
Muslim: 38)
Maknanipun
istiqamaha sira nindakake ketaatan marang Allah, tansah jaganen ibadah marang
Allah. Tansah setiya tuhu nindakake dhawuh dhawuhe Allah ta’ala nganti tekaning
pati lan ora kenggoh ora kapilut marang kahanan kiwa tengen.
Kita iman
dhumateng sedaya rukun iman ingkang enem cacahipun. Sasampunipun menika
nggatosaken punapa ingkang dados cawang cawangipun keimanan. Arupi amal shalih,
ketaatan, ibadah, lan sanes sanesipun.
Para ulama, para
dwijawara ingkang kondhang misuwur jayeng bawana duk nalika semanten sampun
ngendikakaken. Bilih keimanan menika anggadhahi perangan cacah gangsal:
1.
Kapercayan wonten salebetipun manah.
2.
Ikrar kanthi lisan lan pangucap.
3.
Amal shalih ingkang dipun tindakaken dening
jawarih utawi raga.
4.
Iman menika saged tambah kanthi taat dhumateng
Allah.
5.
Lan Iman menika saged suda lan ringkih kanthi
taat dhumateng syaithan.
Mugi mugi Allah
tansah angganjar keimanan ingkang endah kagem kula panjenengan sedaya. Tansah
maringi entheng nindakaken sedaya kesaenan. Lan mugi Allah tansah nedahaken
dhumateng kula panjengan sedaya margi ingkang leres lan lurus. Marginipun
kanjeng nabi lan para sahabat radhiyallahu ta’ala anhum ajmain.
Allah ta’ala
dhawuh:
يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ
ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم
مُّسْلِمُونَ
“Hei wong wong
kang padha iman, taqwao sira marang Allah ta’ala. Lan aja sepisan pisan mati
kejaba kanthi kahanan ngrungkepi agama Islam.” (QS Ali Imran: 102)
AQUULU QOULI
HAADZA WA ASTAGHFIRULLOOHA LII WA LAKUM. WA LI SAA’IRIL MUSLIMIINA MIN KULLI
DZANBIN. FAS TAGHFIRUUHU YAGHRFIR LAKUM, INNAHU HUWAL GHAFUURURRAHIIM.
Khutbah Kaping
Kalih:
,اَلْحَمْدُ
ِللهِ …اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي هَدَانَا لِهٰذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ
لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ
وَاَشْهَدُ
اَنْ لۤا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَاحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، وَاَشْهَدُ اَنَّ
مُحَمَّدً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ
إِنَّ
ٱللَّهَ وَمَلَٰٓئِكَتَهُۥ يُصَلُّونَ عَلَى ٱلنَّبِىِّ ۚ يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ
ءَامَنُوا۟ صَلُّوا۟ عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا۟ تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
وَبَارِكْ
عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعْوَاتِ
رَبَّنَا
اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا
تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ
رَّحِيمٌ
رَبَّنَا
ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ
مِنَ الْخَاسِرِيْنَ
اللهم
إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى
اللهم
إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ
وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ
رَبَّنَا
آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ
النَّارِ.
وَصَلى
الله عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ و َمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
وَآخِرُ
دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
Posting Komentar untuk "Iman Iku Dalan Keslametan - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa"
Sebelumnya kami ucapkan Jazakumullahu Khairan atas tegur sapa antum semua di web Kabeldakwah.com ini.
==> Komentar Anda akan ditanggapi oleh Admin saat Aktif.