Nggayuh Berkah kanthi Dakwah ing Dalaning Allah - Khutbah Bahasa Jawa
![]() |
Kabeldakwah.com |
Meraih Berkah dengan Berdakwah Dijalan Allah.Pdf
Oleh: Ust. Dr. Abu
Zakariya Sutrisno
Alih basa jawi: Muhammad Wasito
Khutbah Kapisan:
الْحَمْدُ لِلهِ
الَّذِيْ بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ، وَبِفَضْلِهِ تَتَنَزَّلُ
الْخَيْرَاتُ وَالْبَرَكَاتُ، وَبِتَوْفِيْقِهِ تَتَحَقَّقُ الْمَقَاصِدُ
وَالْغَايَاتُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ
عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدّيْن
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا ﷲ حَقَّ تُقَاتِه وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ (ال
عمران: ١۰٢)
أَمَّا بَعْدُ:
Jama’ah ibadah Jum’ah rahimakumullah.
Langkung rumiyen sumangga kita tansah muji
syukur dumateng Allah awit sedaya nikmat ingkang sampun Allah paringaken ing
kita sedaya. Sak lajengipun sholawat lan salam mugya tansah kacurah ing panutan
kita, nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Mboten katalumpen lumantar
mimbar Jum’at punika, khatib ngemutaken diri khatib piyambak ugi jama’ah sedaya,
tansaha ningkataken keimanan lan ketaqwaan dumateng Allah subhanahu wa ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ
خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
“Lan padha goleka sangu, lan yekti sak becik-
becike sangu yaiku takwa.” (QS. Al-Baqarah: 197)
Kaum muslimin rahimakumullah,
🔖
Ing surat Yusuf ayat 108 Allah paring pangandika babakan Nabi Muhammad
shallallahu ‘alaihi wasallam. Allah merintahaken supados nyataaken dumateng manungsa, punapa
jalan hidup Nabi lan para pendherekipun. Allah
paring pangandika:
قُلْ هٰذِهِ سَبِيْلِيْٓ
اَدْعُوْٓا اِلَى اللّٰهِ ۗعَلٰى بَصِيْرَةٍ اَنَا۠ وَمَنِ اتَّبَعَنِيْ ۗوَسُبْحٰنَ
اللّٰهِ وَمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ
(Muhammad) Sira dawuha, Iki dalaningsun, ingsun
ngajak marang Allah, ingsun lan kabeh wong kang manut marang ingsun, padha
ngajak marang Allah klawan ngilmu, Mahasuci Allah, lan ingsun ora kalebu
wong-wong kang musyrik.” (QS Yusuf: 108)
🔖
Ayat punika ngandhung perkawis ingkang penting njih punika pilihan lan jalan
hidup Rasulullah sarta tyang-tyang ingkang ndherek Nabi njih punika hangajak
manungsa marang Allah utawi berdakwah. Menawi kita ngaku minangka pendherekipun Nabi, sumangga
kita sedaya dados panyeru ing margi kasaenan. Dados da’i ingkang ngajak ing
kabecikan.Ngajak ing kabecikan punika mboten namung tugasipun ustadz utawi kiai
kemawon.! Satemah saben tyang ingkang ngaku pendherekipun Nabi, kedah purun
asung andil ing dakwah. Punapa kemawon profesi kita, sumangga kita tanemaken
ing diri bilih kita ugi da'i ingkang ngajak ing kasaenan. Mungkin ing
antawisipun kita wonten ingkang dados guru, karyawan, petani lan sanesipun.
Kita sedaya gadah tanggel jawab kangge berdakwah jumbuh kemampuan lan kahanan
kita sowang- sowang.
Jam’ah rahimakumullah,
🔖Sumangga ing khutbah
jum’at punika, kita maknani saperangan ayat lan hadits ingkang nedahaken
penting lan agungipun dakwah marang Allah. Pentingipun amar makruf nahi munkar.
Allah nyebataken ing Al-Quran surat Ali Imran ayat 110:
كُنتُمْ خَيْرَ أُمَّةٍ
أُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنكَرِ
وَتُؤْمِنُونَ بِاللَّـهِ
“Sira kabeh, dadi sak
becik- becike umat kang dilahirake kanggo manungsa, sira padha merintah marang
kang ma’ruf, lan nyegah saka kang munkar, lan sira padha iman marang Allah….”
(QS Ali Imran [3]: 110)
🔖Ayat punika nedahaken
bilih dakwah, amar makruf nahi munkar punika keistimewaan lan keunggulan umat
punika. Umat Islam punika umat ingkang paling unggul karana purun negakaken
amar makruf nahi munkar. Mboten mendel kemawon utawi mboten peduli. Menawi
wonten ingkang salah, sami aweh pepemut. Ing dalem Al Qur’an Allah nganggep ala
umat-umat rumiyen ingkang mboten weling- wineling nalika wonten ingkang
tumindak salah. Conto ing surat al-Maidah 78 - 79 Allah ngelaknat tyang Yahudi
utawi Bani Isra’il karana sami mboten purun cegah - cinegah. Allah befirman:
كَانُوْا لَا
يَتَنَاهَوْنَ عَنْ مُّنْكَرٍ فَعَلُوْهُۗ لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَ
“Deweke iku ora padha
cegah cinegah saka kamungkaran kang padha ditindakake. Yekti ala temen apa kang
padha ditindakake.” (QS Al Ma’idah: 79)
Tyang ingkang ngajak ing
kasaenan punika sak becik- beciking piyantun, karana sampun peduli ing tyang
sanes. Mboten namung mikir awake dewe, ananging mbudi daya kados pundi tyang
sanes ugi dados becik. Kados pundi hangajak tumindak becik lan kados pundi
hangajak nilaraken kemaksiatan-kemaksiatan. Kangge
punika Allah paring dawuh:
وَمَنْ اَحْسَنُ
قَوْلًا مِّمَّنْ دَعَآ اِلَى اللّٰهِ وَعَمِلَ صَالِحًا وَّقَالَ اِنَّنِيْ مِنَ
الْمُسْلِمِيْنَ
“Lan sapa kang luwih becik tinimbang wong kang
hangajak nyembah ing Allah lan ngelakoni kabecikan lan ngucap, “Temen aku
kalebu ewone wong muslim?” (QS Fushilat: 33)
Piyantun ingkang ngajak
dateng kasaenan mboten bade siya-siya, Allah bade paring balesan ingkang paling
agung karana sampun berjuang di jalan Allah. Kajawi punika tyang-tyang kala wau
bade pikantuk pahala saking tyang-tyang ingkang nampi dakwahipun. Kados dipun
tegasaken dening Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ing sabdanipun:
مَنْ دَلَّ عَلَى
خَيْرٍ فَلَهُ مِثْلُ أجْرِ فَاعِلِهِ
“Sesapa kang nuduhake marang kabecikan, deweke
bakal mikoleh ganjaran kaya dene ganjarane wong kang ngamalake kabecikan iku
mahu” (HR Muslim 9/486)
Cobi kita bayangaken, menawi kita sampun
kapundhut, temtu kita sampun mboten saged sholat malih, mboten saged siyam
malih, mboten saged zakat malih, mboten saged maos al Qur’an malih ugi ibadah
sanesipun. Sedaya amal kita putus. Nanging menawi kita ngajak lan ngajaraken
kasaenan dumateng manungsa, selami piyantun punika beramal, kita bade pikantuk
transferan pahala saking piyantun- piyantun punika. Allahu Akbar. Punika
wujud kautaman ingkang luar biasa.
Makaten khutbah kapisan
ingkang saged kita aturaken, mugi manfaati. Mugi-mugi kita kagolong tyang-tyang
ingkang purun mendet peranan ing dakwah sabilillah punika. Amien.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ
هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ
الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ
الرّحِيْمِ
Khutbah Kapindho:
إِنَّ الْحَمْدَ
لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ
شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ
مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ
إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ
Jama’ah ibadah Jum’ah rahimakumullah.
Dakwah punika nggadahi
kautaman ingkang sanget-sanget agung, kados ingkang sampun kabahas ing khutbah
kapisan. Nanging perlu kita mangertosi, dakwah punika mboten gampil. Perlu
kesabaran, perlu kesungguhan lan perlu pengorbanan. Kajawi punika perlu metode
lan strategi. Supados dakwah kita dipun tampi perlu cara-cara ingkang sae, mboten
kenging asal-asalan. Allah paring
dawuh ing surat An-Nahl ayat 125:
اُدْعُ اِلٰى سَبِيْلِ
رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَادِلْهُمْ بِالَّتِيْ هِيَ
اَحْسَنُۗ
“He Muhammad, sira ngajaka (manungsa) marang
agamane Pengeranira kalawan hikmah lan piweling kang becik, lan sira wangsulana
wong kang ambantah kalawan cara kang luwih becik.”
Ayat punika ngemot
perintah supados ajak- ajak marang Allah. Lajeng ing ayat punika ugi dipun
terangaken 3 (tigang) cara utawi metode salebeting dakwah. Ingkang sepisan
kanthi hikmah, njih punika kanthi ilmu. Njelasaken dalil lan sanes - sanesipun.
Punika cara ingkang paling utama. Ingkang angka kalih kanthi mau’idhah hasanah
utawi wejangan lan nasihat. Sok kadang wonten piyantun ingkang mboten sekedar
ngerti ilmu utawi dalil ananging atinipun perlu disentuh kalawan renungan utawi
sanesipun. Perlu diparingi wejangan-wejangan ingkang bermanfaat. Cara ingkang angka
tiga njih punika kanthi jidal utawi debat.Punika berlaku khusus kagem tyang-
tyang ingkang merengkang utawi ngeyel. Perlu dipun ajak diskusi utawi debat
kanthi cara ingkang sae supados sadar saking kesalahan utawi kalirwanipun.
Makaten ing antawisipun
cara kangge berdakwah, mugi-mugi kita saged ngamalaken. Cekap semanten khutbah
ingkang saged kawula aturaken, mugya manfaati kagem kita sedaya, Amien. Sumangga kita tutup khutbah punika kanthi
sholawat lan doa.
إِنَّ اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ
ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ
عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدّعَوَاتِ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا
أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ
الْخَاسِرِينَ
رَبَنَا ءَاتِنَا فِي
الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ
وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى
نَبِيِّهِ مُحَمَّدٍ وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ اَلْحَمْدُ لِلَّهِ
رَبِّ اَلْعَالَمِينَ
Posting Komentar untuk "Nggayuh Berkah kanthi Dakwah ing Dalaning Allah - Khutbah Bahasa Jawa"
Sebelumnya kami ucapkan Jazakumullahu Khairan atas tegur sapa antum semua di web Kabeldakwah.com ini.
==> Komentar Anda akan ditanggapi oleh Admin saat Aktif.