Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kautamane Abu Bakar Ash Shiddiq - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa

Kabeldakwah.com

Kautamane Abu Bakar Ash-Shiddiq.Pdf

Oleh: Ust. Dr. Abu Zakariya Sutrisno

Alih Basa Jawi: Muhammad Wasito

Khutbah Kapisan:

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا مَزِيْدًا

 يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا ﷲ حَقَّ تُقَاتِه وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ ( ال عمران : ١۰٢)

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا ﷲَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأرْحَامَ إِنَّ ﷲَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا (النساء : ١)

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوﷲَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ ﷲَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا ( الاحزاب : ٧۰ - ٧١)

أَمَّا بَعْدُ :

Jama’ah ibadah Jum’ah rahimakumullah

Langkung rumiyen sumangga kita tansah syukur dumateng Allah, awit sedaya nikmat ingkang sampun Allah paringaken dumateng kita. Sumangga kita syukur kanthi estining syukur, mboten namung ing lisan ananging bil qolbi wal lisaani wal jawaarih, syukur ing ati, lisan lan amal perbuatan. Sak lajengipun, sholawat lan salam mugi tansah kacurah ing panutan kita, nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam.

Mboten katalumpen lumantar mimbar Jum’at minulya punika , khatib hangajak ing diri khatib piyambak lan jama’ah sedaya, tansaha ningkataken keimanan lan ketaqwaan dumateng Allah subhanahu wa ta’ala. Taqwa punika sak sae- saenipun bekal ing dunya lan akhirat samangke.

Allah paring dawuh,

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

“Lan padha goleka sangu, lan sak temene sak becik- becike sangu yaiku takwa.” (QS. Al-Baqarah: 197)

Kaum muslimin rahimakumullah,

🎖 Manungsa kang utama saking umat punika non injih para Sahabat Rasulullah. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika:

خَيْرُ النَّاسِ قَرْنِي، ثُمَّ الَّذِينَ يَلُونَهُمْ، ثُمَّ الَّذِينَ يَلُونَهُمْ

“Sak becik- becike manungsa yaiku manungsa ing generasiku. Banjur sak wise lan sak wise maneh.” (HR Bukhari lan Muslim)

Piyantun- piyantun kala wahu, ingkang sepisanan beriman saha nderek berjuang lan berdakwah kaliyan Rasulullah. Lajeng, ing antawisipun para sahabat Rasulullah ingkang paling mulya njih punika (sekawan) Khulafaur Rasyidin: Abu Bakar, Umar, Ustman lan Ali radhiyallahu ‘anhum ajma’in. Lan kaum muslimin sepakat, saking sekawan kulafaur rasyidin punika ingkang paling mulya lan paling utama non injih Abu Bakar ash-Shiddiq. Nami aslinipun njih punika Abdullah bin Utsman at-Taimi lan kunyah utawi celukanipun non injih Abu Quhafah. Abu Bakar punika sahabat Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ingkang paling mulya, satemah kapocap manungsa kang paling mulya sak pengkere para nabi lan rasul.

Lumantar mimbar Jum’at minulya punika, sumangga kita simak kanthi singkat kautaman Abu Bakar Ash Shiddiq radhiyallahu ‘anhu.

📌Angka setunggal:

Abu Bakar Ash Shiddiq punika kalebet as sabiqunal awwalun, utawi tyang-tyang ingkang sepisanan ngrasuk islam. Satemah dipun sebataken, Abu Bakar punika piyantun jaler dewasa ingkang sepisanan ngrasuk Islam. Syaikh al Albani nerangaken: “Wong lanang dewasa lan merdika kang sepisanan beriman yaiku Abu Bakar. Saka kalangan anak-anak yaiku Ali Bin Abu Thalib Radhiyallahu anhu. Saka kalangan wanita yaiku Khadijah, garwa Nabi Shallallahu ‘alaihi wa sallam. Lan saka kalangan budak yaiku Zaid bin Haritsah al Kalbiy. Radhiyallahu 'anhum wa rodhu 'anhu” (Shahihus Siratin Nabawiyah, hlm. 99).

Njih Abu Bakar ingkang sepisanan nderek ndakwahaken Islam sahingga lajeng mlebet Islam ugi saperangan piyantun, ing antawisipun: Ustman, Thalhah bin Ubaidillah, Zubair bin Awwam, lan Sa'ad bin Abi Waqas. Punika sedaya piyantun ingkang kajamin mlebet suwarga.

📌Angka kalih: kuatipun iman Abu Bakar.

Kathah prastawa penting ingkang nedahaken kekuatan iman Abu Bakar. Salah satunggilipun njih punika prastawa Isra’ lan Mi’raj. Rikala mayoritas tyang Quraisy sami maido , Abu Bakar ngimani bab punika tanpa ragu sithik- sithika. Rikala tyang- tyang Quraisy sami taken: “Apa kowe percaya yen Muhammad lunga sewengi utuh tumuju Baitul Maqdis lan mulih wanci esuk?” Abu Bakar mangsuli, “Iya, aku percaya sanadyan luwih mokal saka iku. Aku percaya ing wahyu langit kang tumurun esuk lan sore.”. Aisyah ngandharaken “Ya karana iku Abu Bakar kasebut Ash-Shiddiq, wong kang mesti percaya.” (HR. Al-Hakim dalam Al-Mustadrak, 3:65. Adz-Dzahabi mengatakan bahwa hadits ini sahih).

Kados kita maklumi bilih Abu Bakar Ash Shiddiq radhiyallahu anhu punika sak sae- saenipun manungsa sak pengker para Nabi lan Rasul. Ingkang ndamel Abu Bakar unggul saking tyang sanesipun njih punika kuatipun iman lan keikhlasanipun.Bakr bin Abdullah al Muzani ngendika “ Abu Bakar (Ash Shiddiq) iku ora ngluwihi para sahabat liyane karana akehe sholat lan pasa, ananging karana ana "sawijining" sifat ing atine.

📌Angka tiga: dipun gelari ash Shiddiq dening Rasulullah.

Rasulullah ing kathah haditsipun hanggelari utawi nyebut Abu Bakar kanthi ash-shiddiq. Punika ngarupiaken pujian lan ugi kautaman ingkang agung. Saking Anas bin Malik radhiallahu ‘anhu, nerangaken, “Sawijining dina Rasulullah bareng Abu Bakar, Umar, lan Utsman ngunggahi gunung Uhud, banjur Rasulullah sesabda,

اثْبُتْ أُحُدُ فَإِنَّمَا عَلَيْكَ نَبِيٌّ وَصِدِّيقٌ وَشَهِيدَانِ

“Menenga Uhud! Ing sak duwurmu iki ana Nabi, wong shiddiq lan (loro) wong syahid.” (HR Bukhari 3675 dan Muslim).

📌Angka sekawan: nyertani Rasulullah ing prastawa-prastawa penting.

Njih Abu Bakar ingkang ngrencangi Rasulullah ing kathah sanget prastawa penting, utaminipun ing awal-awal dakwah. Ing antawisipun njih punika prastawa hijrah. Abu Bakar piyambak ingkang nyertani Rasulullah hijrah lan ndhelik ing lebeting Gua Hira. Allah Ta’ala nglanggengaken prastawa punika ing ayat.

ثَانِيَ اثْنَيْنِ إِذْ هُمَا فِي الْغَارِ إِذْ يَقُولُ لِصَاحِبِهِ لا تَحْزَنْ إِنَّ اللَّهَ مَعَنَا

“Dene deweke salah sawiji saka uwong loro nalika saklorone ing jerone guwa, nalika deweke kandha marang kancane: “Aja kawatir, sak temene Allah nyertani kita”. (QS At-Taubah: 40)

📌Angka gangsal: paling ditresnani dening Rasulullah.

Abu Bakar punika piyantun jaler ingkang paling dipun tresnani den ing Rasulullah. Dipun sebataken ing hadits, Rasulullah nate dipun tangledi sahabat Amru bin Al ‘Ash radhiyallahu: “Sinten piyantun ingkang paling panjenengan tresnani? Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring wangsulan ‘Aisyah.’ Aku takon maneh, ‘(Maksud kula) saking golongan priya?’ Rasulullah paring wangsulan, ‘Bapake (yaiku Abu Bakar)’. Aku takon maneh, ‘Lajeng sinten malih?’ Rasulullah ngendika, ‘Umar bin Khattab.’ Banjur Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam nyebutake wong-wong kang ditresnani. (HR. Bukhari, no. 3662 dan Muslim, no. 2384)

Ing hadits sanesipun:

لَوْ كُنْتُ مُتَّخِذًا خَلِيلًا لَاتَّخَذْتُ أَبَابَكْرٍ خَلِيلًا، وَلَكِنَّهُ أَخِي وَصَاحِبِي، وَقَدِ اتَّخَذَاللهُ ﻷصَاحِبَكُمْ خَلِيلًا

“Sekirane aku diizinake dening Allah kanggo hangangkat sawijine uwong dadi khalil (katresnan), temen dak dadiake Abu Bakar minangka khalilku (katresnanku), ananging Abu Bakar iku sedulurku lan sahabatku, dene Allah wus ndadiake sahabatmu iki (aku) minangka khalile. (HR. Bukhari, no. 3656 dan Muslim, no. 2383)

📌Angka enem: Abu Bakar nggentosi Rasulullah ing kepemimpinan lan dakwah.

Sampun maklum bilih Abu Bakar ingkang nggentosi Rasulullah pinangka pemimpin kaum muslimin sak pengker Rasulullah wafat. Abu Bakar punika khalifatur rasyidin ingkang kapisan.Sanadyan Rasulullah mboten nate nuding Abu Bakar langsung dados pemimpin kaum muslimin sak pengker Rasulullah, ananging kathah sanget isyarat ing bab punika. Ing antawisipun Rasulullah dawuh dumateng Abu Bakar nggentosi hamimpin sholat rikala Rasulullah nembe gerah.

📌Angka pitu: kesepakatan para sahabat lan kaum muslimin ing bab kautamanipun Abu Bakar.

Saking Ibnu ‘Umar radhiyallahu ‘anhuma, nyariyosaken,

كُنَّا نُخَيِّرُ بَيْنَ النَّاسِ فِي زَمَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَنُخَيِّرُ أَبَابَكْرٍ، ثُمَّ عُمَرَ بْنَ الخَطَّابِ، ثُمَّ عُثْمَانَ بْنَ عَفَّانَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمْ

“Kita (para sahabat)nate hambiji manungsa kang paling becik ing zaman Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam, banjur kita mandhang manungsa kang paling becik yaiku Abu Bakar radhiyallahu ‘anhu , banjur Umar bin Al-Khaththab radhiyallahu ‘anhu, banjur ‘Utsman bin ‘Affan, mugi-mugi Allah ngridhai para sahabat kabeh.” (HR. Bukhari, no. 3655)

Makaten sebagian kautamaan Abu Bakar ingkang saged kita aturaken ing khutbah kapisan punika, mugya manfaati.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

 

Khutbah Kapindho:

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

Jama’ah ibadah Jum’ah rahimakumullah.

Sampun sak mestinipun kaum muslimin nresnani para sahabat Rasulullah karana piyantun-piyantun punika ngarupiaken generasi terbaik umat punika, ugi ingkang mbantu lan nerusaken dakwah islam sahingga tundanipun dumugi ing diri kita. Sumangga kita tanemaken raos tresna kita dumateng para sahabat Rasulullah, utaminipun sahabat ingkang paling mulya non injih sekawan khulafaur rasyidin: Abu Bakar, Umar, Ustman lan Ali. Utaminipun dumateng Abu Bakar Ash Shiddiq karana panjenenganipun kalebet piyantun ingkang paling mulya. Ibnu Jauzi nerangaken: Biyen para salafus sholih ngajarake marang anak-anake supaya tresna marang Abu Bakr lan Umar radhiyallahu anhuma kaya dene ngajarake surat (al-Quran) utawa Sunnah.

Ampun ngantos kita nyelathu para sahabat Rasulullah, kados dene tyang- tyang Syi’ah. Tyang- tyang Syi’ah hanggething lan nyelathu ala dumateng para sahabat Rasulullah. Ing mangka cetha- cetha Rasulullah nglarang. Rasulullah ngendikaaken:

لا تسبوا أصحابي، فلو أن أحدكم أنفق مثل أحد، ذهبًا ما بلغ مد أحدهم، ولا نصيفه

“Aja padha nyelathu para sahabatku. Umpama sira kabeh padha infak emas sak gedhene gunung Uhud, iku ora bakal nandingi sak mud e utawa setengah e infaq para sahabat.” (HR. al-Bukhari dan Muslim).

Sumangga kita tutup khutbah punika kaliyan sholawat lan doa.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ

وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى نَبِيِّهِ مُحَمَّدٍ وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اَلْعَالَمِينَ

KabeL DakwaH
KabeL DakwaH Owner Gudang Software Ryzen Store

Posting Komentar untuk "Kautamane Abu Bakar Ash Shiddiq - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa"