Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kepenake Agomo Islam Iki - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa

Kabeldakwah.com

Kepenake Agomo Islam Iki.Pdf

Oleh: Ust. Dr. Abu Zakariya Sutrisno

Alih Basa: Muhammad Wasito

Khutbah Kapisan:

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا مَزِيْدًا

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا ﷲ حَقَّ تُقَاتِه وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ (ال عمران: ١۰٢)

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا ﷲَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأرْحَامَ إِنَّ ﷲَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا (النساء: ١)

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوﷲَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ ﷲَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا (الاحزاب: ٧۰ - ٧١)

أَمَّا بَعْدُ:

Jama’ah ibadah Jum’ah rahimakumullah.

Langkung rumiyen sumangga kita muji syukur dumateng Allah. Syukur awit sedaya nikmat ingkang Allah paringaken dumateng kita. Sumangga kita syukur kanthi estuning syukur, mboten sekedar ing lisan ananging bil qolbi wal lisaani wal jawaarih, syukur ing ati,ing lisan lan ugi amal perbuatan. Sak lajengipun sholawat lan salam mugi tansah kacurah ing panutan kita, nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Mboten katalumpen lumantar mimbar Jum’at minulya punika, khatib ngemutaken diri khatib piyambak lan jama’ah sedaya, tansaha ningkataken keimanan lan ketaqwaan dumateng Allah subhanahu wa ta’ala. Taqwa punika sak sae-saenipun bekal ing dunya lan akhirat mangke. Allah paring dawuh,

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

Padha goleka sangu, lan sak temene sak becik- becike sangu yaiku takwa.” (QS. Al-Baqarah: 197)

Kaum muslimin rahimakumullah,

🔖Agami Islam punika agami ingkang kebak kanthi kemudahan lan merintahaken umatipun supados nggadahi sikap gampil. Allah paring dawuh,

يُرِيدُ اللّهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلاَ يُرِيدُ بِكُمُ الْعُسْرَ

“Allah ngersaake kemudahan kanggo sira, lan ora ngersaake kesulitan kanggo sira.” (QS. Al-Baqarah: 185)

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wassalam paring sabda,

إِنَّ الدِّينَ يُسْرٌ وَلَنْ يُشَادَّ الدِّينَ أَحَدٌ إِلَّا غَلَبَهُ

“Sak temene agama iki gampang, lan sesapa kang ngengel- ngel agamane, deweke bakal kalah” (HR Bukhari no. 39)

Rumiyen, nalika Rasulullah shallallahu ‘alaihi wassalam hangutus utusan, Rasulullah paring sabda,

يَسِّرُوا وَلَا تُعَسِّرُوا وَبَشِّرُوا وَلَا تُنَفِّرُوا

 “Gawenen gampang lan aja digawe angel, wenehana bebungah lan aja nggawe uwong padha mlayu.” (HR Bukhari no. 69)

Sedaya kala wahu nedahaken bilih Islam punika agami ingkang gampil. Sedaya ingkang Allah syariataken tumrap hambanipun, asalipun gampil( mboten angel). Conto-conto gampilipun syari’at Allah njih punika:

📌Conto angka setunggal: Sholat 5 Waktu.

Sholat gangsal wekdal minangka induk saking ibadah amaliyah lan asalipun sholat punika gampil( mboten angel). Menawi kita total ing sedinten sedalu mboten langkung saking 75 menit, kanthi etungan misal saben sholat butuh 10 menit, wudhu 5 menit. Ing mangka sedinten sedalu wonten 24 jam utawi 1440 menit!! Lan sebagian besar wekdal sholat punika dumunung ing wekdal-wekdal longgar seperti dhuhur pada waktu istirahat siang.

📌Conto angka kalih ing urusan zakat.

Besaranipun zakat harta (barang dagangan, uang, emas, perak) namung 1/40 (2,5%) saking nilai harta kasebat, lan punika temtu mboten awrat. Tur malih,mboten sedaya bandha ingkang kita gadahi,kenging zakat kadosta griya ingkang kita panggeni, kendaraan ingkang kita tunggangi lan senesipun. Jumbuh Sabda Rasulallah shallallahu ‘alaihi wassalam,

لَيسَ عَلَى المُسلِمِ فِي عَبدِهِ وَلاَ فِي فَرَسِهِ صَدَقَةٌ

"Ora ana kuwajiban zakat mungguhe wong islam ing budak lan jaran e." (HR Bukhari no. 1365 dan Muslim 8/982)

📌Conto angka tiga ing ibadah siyam.

Siyam ingkang dipun wajibaken tumrap piyantun muslim namung siyam ramadhan, ingkang namung 1 (setunggal) wulan, ing mangka sak jroning setunggal tahun punika wonten 12 (kalih welas) wulan.Tur malih, siyam punika namung dipun lampahi ing wanci siang kemawon, temtu punika kasebut kemudahan. walhamdulillah.

📌Conto angka sekawan ing perkawis haji.

Syariat sampun paring syarat ing ibadah haji njih punika istitha’ah (kemampuan) kados firman Allah,

وَلِلّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيلاً

“Nindakne haji iku kewajibane manungsa marang Allah, yaiku (kanggo) wong kang sanggup nglakoni perjalanan tumuju Baitullah.” (QS Ali Imran: 97)

 Karana masyaqqah (kesulitanipun) ing ibadah haji dumunung ing perjalanan tumuju baitullah lan ing perkawis manasik haji. Kanthi mekaten, hakikatipun ibadah haji ugi gampil mungguhipun tyang ingkang ngleksanaaken, karana ingkang kenging kewajiban namung ingkang mampu ngleksanaaken.

Syariat ingkang asalipun sampun gampil, menawi wonten penghalang utawi kesulitan, wonten keringanan utawi kemudahan sanesipun. Punika naminipun kemudahan diatas kemudahan. Bade kita aturaken saperangan conto:

📌Conto angka setungal ing masalah Thaharah.

Allah majibaken thaharah (wudhu/mandi) ngginaaken toya, nanging menawi sakit utawi karana wonten alangan senesipun mboten saged ngginaaken toya, dipun keparengaken tayammum. Kasebat ing hadist shahih rikala Amr bin Ash radhiyallahu ‘anhu dipun utus Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ing satunggiling sariyah (perang tanpa Rasulallah) lan piyambakipun junub ing satunggiling dalu ingkang adhem sanget. Amr bin Ash lajeng tayammum lan ngimami shalat para sahabat. (HR    Ahmad dan Abu Dawud no. 334, disahihkan oleh Hakim dan adz Dzahabi).

📌Conto angka kalih: ing bab shalat.

Wajib mungguhing piyantun muslim shalat fardhu kalawan ngadeg, menawi mboten mampu,kenging kalawan lenggahan,menawi mboten mampu, kenging kalawan tileman, utawi jumbuh kemampuan. Kados pangandikan Rasulullah, “Shalata karo ngadeg,yen ora mampu karo lungguh,yen ora mampu sholata karo teturon.” (HR Bukhari no. 1066)

📌Conto angka tiga: ing urusan siyam.

Wajib mungguhing piyantun muslim nindakaken siyam ing wulan Ramadhan, ananging menawi sakit,dipun keparengaken ngundur siyamipun dumudi mantun saking sakitipun. Makaten ugi piyantun ingkang nembe safar, dipun keparengaken ngganti siyamipun ing dinten sanes. Jumbuh dawuhipun Allah:

وَمَن كَانَ مَرِيضاً أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ أَيَّامٍ أُخَرَ

“Lan sapa wonge kang lara utawa katemben ing lelungan (banjur bebuka), mula (wajib pasa), sak akehe dina kang ditinggalake iku,ing dina- dina liyane.“ (QS al Baqarah: 185)

Lan menawi karana sepuh utawi sakit menahun -ingkang mboten kunjung mantun- kenging nggantos siyamipun kanthi fidyah yaitu memberi makan orang miskin.

📌Conto angka sekawan: ing urusan Haji

Wajib mungguhipun piyantun muslim nindakaken manasik haji piyambak menawi mampu. Nanging menawi wonten ingkang nggadahi bandha nanging mboten mampu nglampahi manasik, kenging dipun wakilaken dateng tyang sanes. Kados kisahipun wanita ingkang sowan dateng Nabi lan tanglet angsal punapa mboten berhaji kangge bapakipun ingkang sampun sepuh, Nabi paring wangsulan, “Iya, hajikna bapakmu” (HR Bukhari 1442 dan Muslim 407/1334).

Syari’at Islam punika gampil. Gampilipun syari’at Islam lumampah ing sedaya perkawis, sae wonten ing ushul (pokok) napa dene furu’ (cabang), sae ing ‘aqidah, ibadah, akhlak, mu’amalah, jual beli, pinjam meminjam, pernikahan, hukuman lan sanesipun. Sedaya perintah ing Islam ngandung kathah manfaat. Kosok wangsulipun sedaya larangan ing Islam ngandung kathah mudharat. Pramila kewajiban kita non injih estu-estu gegondhelan kalawan syari’at Islam lan ngamalaken.

 Makaten khutbah kapisan ingkang saged kita aturaken,mugi manfaati

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

 

Khutbah Kapindho:

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

Jama’ah ibadah Jum’ah rahimakumullah.

Islam punika agami ingkang gampil. Nanging mboten bener menawi lajeng nggampilaken ing pelaksanaanipun. Ampun ngantos kita nggampilaken agama. Sebagian tyang nindakaken perkawis ingkang nyimpang lajeng kandha “Islam iku agama kang gampang”. Ingkang dipun maksud tyang-tyang kala wahu, njih punika pembenaran dumateng perbuatan ingkang nyelisihi syari'at. Punika kasebat kalimat haq, nanging tujuanipun batil.

Ing satunggiling hadist Rasulullah shalallahu ‘alaihi wassalam sesabda,

كُلُّ أُمَّتِي يَدْخُلُونَ الْجَنَّةَ إِلَّا مَنْ أَبَى، قَالُوا: يَا رَسُولَ اللَّهِ وَمَنْ يَأْبَى؟ قَالَ: مَنْ أَطَاعَنِي دَخَلَ الْجَنَّةَ وَمَنْ عَصَانِي فَقَدْ أَبَى

“Umatku kabeh bakal mlebu suwarga kajaba kang ora gelem,para Sahabat matur, “Duh Rasûlullâh! Sinten ingkang mboten gelem?” Nab Shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika, “Sapa kang taat marang aku,bakal mlebu suwarga, lan sapa kang mrengkang marang aku,hiya iku wong kang ora gelem mlebu suwarga).” (HR Bukhari 7280)

Estu, kita nemahi sak punika katah tyang ingkang males ngleksanani punapa ingkang dipun perintahaken Allah lan Rasulipun. Babar pisan jiwanipun mboten wonten kecondongan dumateng agami Allah. Ing mangka, Allah mboten numurunaken agami kangge nyusahaken manungsa, kajawi kangge kebahagiaan manungsa ing dunya lan akhiratipun. Piyantun muslim ingkang sae, mestinipun mbudi daya sakuwat tenaga ndalani agaminipun jumbuh kemampuan ingkang dipun gadhahi. Rasulullah paring sabda:

مَا نَهَيْتُكُمْ عَنْهُ فَاجْتَنِبُوْهُ، وَمَا أَمَرْتُكُمْ بِهِ فَأْتُوا مِنْهُ مَا اسْتَطَعْتُمْ

“Apa wae kang dak larang, mula padha tinggalna. Lan apa wae kang dak perintahake, mula padha tindakna sak mampumu.” (HR. Bukhari no. 7288 dan Muslim no. 1337)

Islam punika agami ingkang gampil ananging kita mboten kenging nggampilaken ing pelaksanaanipun. Kita kedah berusaha sekuat tenaga ndalani agami islam punika.

 Cekap semanten khutbah ingkang saged kaaturaken. Mugi kita saged mendet faedahipun. Allahu ta’ala a’lam bisshowab.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ

وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى نَبِيِّهِ مُحَمَّدٍ وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اَلْعَالَمِينَ

KabeL DakwaH
KabeL DakwaH Owner Gudang Software Al-Amanah

Posting Komentar untuk "Kepenake Agomo Islam Iki - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa"