Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Jaganen Amalmu, Aja Kok Regedi Atimu! - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa

Kabeldakwah.com

Jaganen Amalmu, Aja KokRegedi Atimu!.Pdf

Diterjemahkan (dengan penyesuaian) dari judul asli: Jaga Amalmu Dan Jangan Kotori Lagi Hatimu!

Oleh: Ust. Dr. Abu Zakariya Sutrisno

Alih Bahasa Jawa: Muhammad Wasito

Khutbah Kapisan

 الحمد لله رب العالمين، وبه نستعين على امور الدنيا والدين

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

 يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا ﷲ حَقَّ تُقَاتِه وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ (ال عمران: ١۰٢)

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا ﷲَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأرْحَامَ إِنَّ ﷲَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا (النساء: ١)

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوﷲَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ ﷲَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا ( الاحزاب: ٧۰ - ٧١)

أَمَّا بَعْدُ :

Jama’ah Sholat Jumat rahimani warahikumullah,

Langkung rumiyen sumangga kita muji syukur dumateng Allah awit sedaya nikmat, arupi kesehatan, kawilujengan lan ingkang paling utami njih punika nikmat Islam lan iman. Kita syukur kanti lisan, ati lan amal anggota badan. Shalawat lan salam mugi tansah kacurah ing panutan kita, Nabi Muhammad, shalallahu ‘alaihi wassallam, dumateng keluwarga, para sahabat, sarta penderek sunnahipun dumugi ari kiamat mangke.

Mboten katalumpen, kawula ngajak mbudi daya ningkataken derajat ketaqwaan kita dumateng Allah.

Allah paring dawuh,

"He wong kang padha iman, taqwaha marang Allah kanti sak bener-benere taqwa, lan aja mati kajaba ing agama islam" (QS. Ali 'Imron ayat 102)

Jama’ah Sholat Jumat rahimakumullah.

Ing wulan Ramadhan kala wingi, sewulan muput kita sampun “digembleng” dening Allah kanti maneka macem amalan kangge nyuceni jiwa kita. Siyam, qiyamul lail, tilawah al Qur’an, sedekah lan sanesipun punika tujuanipun kangge ngresiki jiwa kita. Supados kita dados tyang ingkang nggadahi ati taqwa, ati ingkang suci. Pramila ampun ngantos kita regedi malih sak pengkere Ramadhan. Bade beja tyang- tyang ingkang nyuceni jiwanipun lan bakal rugi tyang- tyang ingkang ngregedi. Cobi kita simak ing surat Asy Syam, Allah sumpah makaping- kaping wiwit ayat 1 dumugi 8, lajeng paring dawuh:

قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاها. وَقَدْ خابَ مَنْ دَسَّاها

“Temen beja wong kang nyuceni jiwane. Lan temen rugi wong kang ngregedi jiwane.” (QS. Asy-Syams: 9 - 10)

🔖Kalebet regedan-regedan ingkang bade ngregedi ati lan jiwa kita njih punika:

📌 Angka setunggal: kufur lan kesyirikan.

Reregedan ati ingkang sepisan lan ingkang paling ageng njih punika kekufuruan lan kesyirikan. Kufur lan syirik mboten sekedar ngregedi jiwa, satemah saged ndadosaken jiwa kala wahu mati,mboten saged malih mbentenaken kebaikan lan keburukan, mboten saged mbentenaken kebenaran lan kesalahan. Syirik punika sak ageng-agenge dosa ingkang mboten bakal diampuni lan nyebabaken kekal ing neraka menawi mboten mertaubat.

إِنَّهُ مَن يُشْرِكْ بِاللّهِ فَقَدْ حَرَّمَ اللّهُ عَلَيهِ الْجَنَّةَ وَمَأْوَاهُ النَّارُ وَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ أَنصَارٍ

“Sak temene wong kang tumindak syirik marang Allah, temen Allah ngaramake suwarga kanggo deweke, lan papane yaiku neraka, lan ora ana mungguhe wong-wong zalim iku siji- sijiya panulung.” (QS Al Maidah: 72)

📌 Angka kalih: kesombongan

Jama’ah rahimakumullah, reregedan ingkang angka kalih,ingkang kedah kita waspadani, njih punika kesombongan. Sombong punika pangkal keburukan. Ampun ngantos kita regedi ati punika kanti kesombongan. Allah paring dawuh,

وَلاَ تَمْشِ فِي الأَرْضِ مَرَحاً إ

“Lan sira aja padha lumaku ing lumahing bumi iki kalawan sombong.” (QS Isra’: 37)

Sumangga kita syukuri nikmat Allah ingkang kaparingaken dumateng kita, sae arupi nikmat bandha, jabatan, kepinteran lan sanesipun, ampun malah sombong kanti nikmat kasebat. Sak unggul- unggule manungsa, mesti nggadahi kelemahan-kelemahan. Allah Maha Mampu ngasoraken tyang- tyang ingkang sombong kanti “samukawis ingkang sepele”.

Kados dene tigang tahun kapengker, wontenipun wabah virus corona (COVID-19), manungsa sak alam dunya kuwalahan ngadepi. Langkung saking 150 juta manungsa sampun terinfeksi lan langkung saking 3 jutaan manungsa tilar dunya. Virus punika makhluq Allah ingkang “super kecil”, langkung alit tinimbang bakteri. Ananging kasunyatanipun saged nuwuhaken dampak ingkang luar biasa. Manungsa kanti sedaya kemajuan teknologi lan kecerdasanipun jebul mboten saged polah kathah.

Piwulang penting ing bab punika, ampun ngantos kita sombong. Rumiyen, Abrahah ingkang sombong kanti tentara gajahipun,bade ngancuraken Ka’bah, dipun tumpes dening Allah kanti ngutus “peksi alit”, (burung Ababil) (QS Al Fiil: 3).

Fir’aun ingkang sombong kanti kekuasaan lan tentaranipun, jebul mboten kuwawa nalika Allah nurunaken adzab arupi kutu, belalang lan “hewan kecil” sanesipun (QS Al A’raf: 133). Punika minangka pawujudan, Allah ngasoraken tyang- tyang ingkang sombong.

📌 Angka tiga: maksiat lan dosa

Jamaa’ah rahimakumullah, reregedan ati ingkang angka tiga njih punika maksiat lan dosa. Ampun ngregedi jiwa kita kanti kemaksiatan lan dosa punapa mawon wujudipun, duka ingkang ageng, duka ingkang alit. Tebihna zina, judi, sihir, nginum khamr, apus-apus lan dosa-dosa sanesipun. Ing wulan Ramadhan kala wingi kita sampun mbiasaaken diri ngedohi kemaksiatan,sumangga kita jagi, ampun ngantos keblusuk ing dosa malih, sak pengkering Ramadhan.

📌 Angka sekawan: hasad.

Reregedan ati ingkang sak lajengipun njih punika hasad. Sedaya manungsa, sampun Allah tetepaken taqdiripun, masing-masing nggadahi kaluwihan lan kekirangan. Allah ta’ala paring dawuh,

وَلا تَتَمَنَّوْا مَا فَضَّلَ اللَّهُ بِهِ بَعْضَكُمْ عَلَى بَعْضٍ لِلرِّجَالِ نَصِيبٌ مِمَّا اكْتَسَبُوا وَلِلنِّسَاءِ نَصِيبٌ مِمَّا اكْتَسَبْنَ وَاسْأَلُوا اللَّهَ مِنْ فَضْلِهِ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمًا

“Lan sira aja padha iri ati marang apa kang diparingake Allah marang sebahagian sira luwih akeh saka sebahagian liyane. (karana) kanggo wong lanang ana bahagian saka apa kang wus diusahaake, lan kanggo para wanita (uga) ana bahagian saka apa kang wus diusahaake, lan nyuwuna marang Allah sebanagian saka kurniyane. Sak temene Allah Maha pirsa ing sak kabehe.” (QS. an Nisa’: 32)

Ing dinten- dinten punika,sumangga kita jaga ati, jaga pandulu, jaga pangrungu lan jaga lisan. Mbok menawi kita nyawang sak perangan sederek kita ingkang Allah luwihaken ing bandha utawi ing sanesipun,sageda kita nderek bungah, ampun malah hasad lan iri drengki. Kita dedunga marang Allah mugi-mugi kita ugi pinaringan anugrahipun, mboten perlu kita iri dumateng tyang sanes.

📌 Angka gangsal: padudon.

 Sedaya muslim punika sedulur, sinten kemawon. Allah paring pangandika:

إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوا بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ

“Wong-wong kang iman iku sak temene sedulur an. Mula padha akurna antarane sedulurmu iku lan taqwaha marang Allah, supaya sira antuk rahmat.” (QS Al Hujurat: 10)

Ampun ngantos kita mungsuhan namung karana masalah politik, perbedaan ormas, perbedaan karakter utawi gegara perbedaan pendapat. Sageda kita jembar dada ing masalah-masalah khilafiyah. Napa malih khilafiyah kala wau namung ing bab furu’iyah, dede bab ingkang prinsipil ing agami punika.

Makaten, sak perangan perkawis ingkang saged ngregedi ati, ampun ngantos kita regedi sak sampunipun kita suceni ing wulan Ramadhan kala wingi. Tasih kathah reregedan ati sanesipun.Mugi-mugi kita saged nebihi sedayanipun.

Cekap semanten khutbah kapisan ingkang saged kaaturaken. Mugi-mugi kita tansah kagolong ewonipun tyang ingkang nggadahi ati ingkang suci. Ati ingkang suci punika bandha paling aji kangge pepanggihan kalawan sang Khaliq.

Allah paring dawuh

يَوْمَ لَا يَنفَعُ مَالٌ وَلَا بَنُونَ. إِلَّا مَنْ أَتَى اللَّهَ بِقَلْبٍ سَلِيمٍ

“(yaiku)ing dina kang bandha lan anak-anak lanang ora miguna, kajaba wong-wong kang ngadhep marang Allah nggawa ati kang suci.” (QS Asy Syu’ara’: 88-89)

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

 

Khutbah Kapindo

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

Jamaah rahimakumullah.

Ramadhan sampun kapungkur, ananging mboten ateges kapungkur ugi amalan kita. Ampun ndadosaken amalan Ramadhan namung minangka amalan musiman. Sumangga kita jagi amalan-amalan ingkang sampun kita biasaaken ing wulan Ramadhan arupi siyam, qiyamul lail, tilawah al Qur’an, sedekah lan sanesipun. Salah satunggiling bukti kita sukses ngliwati Ramadhan njih punika kanti tetap istiqomah beribadah sak pengkeripun. Para ulama’ nuturaken,

إن من علامةِ قبول الحسنة، الحسنة بعدها

 “Sak temene kang kalebu tandha tinampaning kabecikan, yaiku kabecikan sak pungkure”

Sak sampunipun sewulan wutuh kita temen-temen ibadah ing wulan Ramadhan, kita tetep jaga ibadah ing wulan-wulan lajengipun. Kadosta siyam,sumangga kita iringi siyam Ramadhan kanti siyam 6( enem) ari ing wulan Syawal. Rasulullah shalallahu ‘alaihi wassalam paring sabda,

‏مَنْ صَامَ رَمَضَانَ ثُمَّ أَتْبَعَهُ سِتًّا مِنْ شَوَّالٍ كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ

“Sapa kang pasa Ramadhan, banjur pasa enem ari ing wulan Syawal, deweke kaya dene pasa setahun muput.” (HR Muslim)

Nindakaken siyam 6 ari ing wulan Syawal punika dados pancatan anggen kita njagi keistiqomahan amal. Mangke lajeng kairing siyam tigang ari ing saben wulanipun. Makaten ugi qiyamul lain. Ing wulan Ramadhan kapengker, kita kulina kanti tarawih lan witir, mangga kita jagi. Minimal ampun kita tilaraken sholat witir. Wonten kalih sholat sunnah ingkang mboten nate dipun tinggalaken Rasulullah, njih punika sholat witir lan qobliyah subuh.Makaten ugi amal-amal sanesipun, maos al Qur’an, sedekah lan sak piturutipun. Sekedik mboten masalah, ingkang baken terus istiqomah. Amalan ingkang sekedik ananging istiqomah punika langkung sae tinimbang kathah ananging namung sak obore blarak. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,

إنَّ أَحَبَّ الْأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ أَدْوَمُهُ وَإِنْ قَلَّ

“Amal (ibadah) kang paling ditresnani Allah Subhanahu wa ta’ala yaiku amal kang ajeg dilakoni sanadyan sethithik.” (HR Bukhari dan Muslim)

Makaten khutbah ingkang saged kaaturaken, mugi-mugi Allah nggampilaken kita saged istiqomah lan terus hanjagi amal kasaenan kita. Amien.Kita tutup khutbah punika kanti doa lan sholawat.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ.

وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى نَبِيِّهِ مُحَمَّدٍ وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اَلْعَالَمِينَ

Posting Komentar untuk "Jaganen Amalmu, Aja Kok Regedi Atimu! - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa"