Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Istiqomah Pasca Ramadhan (Bahasa Jawa Halus) - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa

  

Khutbah Pertama

الْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَلَهُ نُصَلِّى وَنَسْجُدُ وَإِلَيْهِ نَسْعَى وَنَحْفِدُ، نَرْجُوْ رَحْمَتَهُ وَنَخْشَى عَذَابَهُ إِنَّ عَذَابَهُ الْجِدَّ بِالْكُفَّارِ مُلْحَقٌ. أَشْهَدُ أن لاَّ إِلَهَ إِلاًّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ وَلاَ رَسُوْلَ بَعْدَهُ، قَدْ أَدَّى اْلأَمَانَةَ وَبَلَّغَ الرِّسَالَةَ وَنَصَحَ اْلأُمَّةَ وَجَاهَدَ فِيْ سَبِيْلِهِ حَقَّ جِهَادِهِ ,أَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا مُحمَّدٍ, سَيِّدِ المُرْسَلِيْن, وَإِمَامِ الْمُهْتَدِيْن وَ قَائِدِ الْمُجَاهِدِيْن, وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْن. رَبِّ اشْرَحْ لِيْ صَدْرِيْ وَيَسِّرْ لِيْ أَمْرِيْ وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِنْ لِسَانِيْ يَفْقَهُوْا قَوْلِيْ. أَمَّا بَعْد. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَقَالَ: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. وَقَالَ: وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. وَقَالَ النَّبِيُ : اِتَّقِ اللهَ حَيْثُ مَا كُنْتَ وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقِ النَّاسَ بَخُلُقٍ حَسَنٍ. (رواه الترمذي، حديث حسن).

Ma’asyiral Muslimin  rohimakumulloh

Minongko purwokoning atur, keparengo kawulo ngajak dateng awak soho keluargo kulo piyambak lan umumipun dumateng panjenengan sedoyo Ikhwani fiddin, supados kito tansah ningkataken ketaqwaan utawi raos ajrih dateng Allah SWT, ajrih dateng bendunipun Allah, ajrih dateng siksonipun Allah lan ajrih menawi amal ibadah kito mboten dipun tampi dening Allah SWT, ajrih menawi  taubat kito mboten dipun tampi dening Alloh, sehinggo kito kagolong tiang engkang rugi sanget,  artosipun,  ayo  podo tansah  bebarengan nglakoni  sekabehane  perintahe Alloh SWT tumprap sak mampune awake dewe, lan  ngadohi  sekabehane  larangane Alloh SWT. Bilih nglakoni perintahipun Allah lan Rasululllah kaidahipun sak mampune, menawi ninggalake laranganipun Allah lan Rasulullah kaidahipun sedoyo larangan wajib dipun tinggalaken. Sinten kemawon ingkang nglakoni larangane Allah saking pinten2 maksiat lajeng mboten taubat mongko bakal nompo bendu lan siksa saking ngarsanipun Allah ta'ala. Lan bendunipun Allah ta’ala meniko saget dipun raosaken ing alam donyo meniko ugi ing alam akhirat sakmangke.


Ma’asyiral Muslimin  rohimakumulloh. 

Wulan Ramadhan ingkang mulyo sampun nilaraken kito sedoyo ing tahun puniko, mugi sedoyo amalan kito ing wulan Ramadhan saking poso kita sholat tarawih, waosan al qur’an lan sedoyo amalan dipun tampi dening Allah ta'ala. Lan mugi2 Allah sampun paring pangapuro dateng sedoyo doso2 kito kang katon lan kang mboten katon. Menikolah kebahagiaan sejati ing saklebtipun dinten riyoyo idul fitri mungguhe wong mukmin sejati.

قال الحافظ ابن رجب - رحمه الله - :

ليس العيد لمن لبس الجديد ، إنما العيد لمن طاعاته تزيد ، ليس العيد لمن تجمل باللباس والركوب ، إنما العيد لمن غفرت له الذنوب

لطائف المعارف (277)

Al-Imam Al-Hafidz Ibnu Rojab Al-Hambali rohimahulloh nate ngendiko :

"Ied (dino riyoyo) iku dudu kanggone wong sing namung nganggo sandangan anyar.” Saktemene ied namung kanggone wong kang kethoatane marang Allah soyo tambah. Ied iku ugo dudu kanggone wong kang berhias/berpenampilan ngganggo sandangan lan kendaraan kang bagus. Saktemene ied iku namung kanggone wong kang dosa2ne wes di ngapuro dening Allah ta’ala.  (Latho'iful Ma'arif,hal. 277)

Mugi2 Alloh ta'ala dodosaken kito sedoyo minongko wong kang soyo tambah kethoatane marang Allah sak bakdane ramadhan meniko lan dadosaken kito sedoyo kagolong wong kang pikantuk maghfiroh (ampunan Allah ta’ala) saking sedoyo dosa!

Amargi menikolah kebahagiaan sejati ing dinten riyoyo meniko. Allah paring dawuh,

قل بفضل الله وبرحمته فبذالك فليفرحوا

Dawuhono Muhammad, kelawan karunia Allah lan rahmatipun Allah mongko sakmestine deweke kabeh podo seneng bahagia.

Dados penyebab kebahagiaan mungguhipun Allah ta'ala inggih puniko babakan keimanan kang wonten manah, mboten bondo donyo kang katah malimpah-limpah. Ugi mboten donyo kang dipun pameraken marang menungso.  Lan sejatosipun tiyang kang saget bahagia kelawan sebab iman kang wonten manah, menikolah tiyang kang sugih sejati. Rasulullah shalallahu alaihi wasallam dawuh :

لَيْسَ الْغِنَى عَنْ كَثْرَةِ الْعَرَضِ وَلَكِنَّ الْغِنَى غِنَى النَّفْسِ

“Sugih kang hakiki dudu perkara akeh bondo donyo, ananging sugih kang hakiki yaiku sugih ati.” (HR. Bukhari dan Muslim)

Ma'asyirol Muslimin Rahimakumullah,

Dipun anjuraken ing dinten riyoyo meniko supados saling berkunjung, saling silaturahmi sakperlu nyuwun pangapuro marang sepodo-podo saking sedoyo kelepatan ingkang sampun lumampah. Meniko adat istiadat ingkang sae banget kang kedah dipun lestareaken. Supados pikantuk pangampunan saking Allah sak sampunipun nglampahi shiyam ramadhan lan pikantuk maaf pangapura saking sepodo-podo ing dinten riyoyo meniko. Lan kito sedoyo ugi kedah dados tiyang ingkang gampil olehe maringi maaf marang sepodo-podo. Amargi perintahipun kanjeng Nabi kelawan dedawuhan wa khooliqin nas bikhuluqin hasan,  srawungono menungso kelawan akhlak kang apik. Mboten bakal saget dipun terapaken kejobo sampun nerapake perintahipun Allah ingkang dawuh khudzil afwa dadio siro kabeh wong kang pemaaf. Dados akhlak ingkang sae marang menungso bakal muncul menawi sampun saget paring maaf, lan gampang olehe paring maaf. Menawi mboten paring maaf marang sepodo2,mboten saget maklumi kekurangan sanesipun mongko bakal muncul akhlak lan perilaku ugi pangucapan ingkang mboten sae. Lan bakal gampang oleh nglampahi maksiat marang sepodo-podo ne.

Ma'asyirol muslimin.  

Ananging ampun ngantos adat istiadat kang sae meniko dadosaken awak dewe lali dateng kewajiban kito marang gusti Allah. Kados dene lali sholat saking asyike berkunjung marang sepodo-podo. Lajeng sholate dipun tunda-tunda. malahan kadang ninggalake sholat saking sibuke silaturahmi utawi sibuk plesiran ing dinten riyoyo. Tumindak kang kados mekaten bakal nekaake kerugian kang gede. Amargi ninggalake sholat tanpa udzur kang di benerake, meniko doso gede, luwih gede dosane saking dosa zina. Pramilo rugi banget tiyang kang sibuk jaluk pangapura marang menungso ananging malah ngalokoni dosa marang pengerane yaiku Allah ta'ala. Lajeng menawi mekatan kebahagiaan ingkang pundi kang dipun karepaken. Sedoyo kemaksitan lan ninggalake kewajiban meniko bakal nekaake bendu saking Allah ta'ala. Ananging ketaatan marang Allah meniko sejatosipun kang bakal nekaake kebahagiaan kang hakiki. Pramilo ied dino riyoyo meniko namung kanggone wong kang istiqomah nglampahi ketaatan marang Allah lan soyo tambah kethoatane. Mugi2 kito sedoyo kagalong tiyang ingkang estu bahagia ing dinten riyoyo meniko, inggih puniko kebahagiaan kelawan sebab iman lan amal sholih.

 بارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ ، إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ ، قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ ، أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

، قُلْ بِفَضْلِ ٱللَّهِ وَبِرَحْمَتِهِۦ فَبِذَٰلِكَ فَلْيَفْرَحُواْ هُوَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُونَ

، وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ

Khutbah Kedua

اَلْحَمْدُ ِللهِ,، اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي خَلَقَ اْلأَشْيَآءَ ، أَحْمَـدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى حَمْدَ مَنْ عُفِيَ مِنَ الْبَلاَءِ ، أَشْهَدُ أَنْ لآ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لآ شَـرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْ قَائِلَهَـا يَوْمَ الْجَـزَاءِ ، وَأَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَتْقَى اْلأَتْقِيآءِ ، أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الرُّسُلِ وَاْلأَنْبِيآءِ ، وَعَلَى آلِهِ الْكَرَمآءِ ، وَأَصْحَابِهِ اْلأَصْفِيآءِ ، وَمَنْ تُبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ اللِّقَاءِ ، أَمَّا بَعْدُ . فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَأَشْـكُرُهُ عَلَى تَوَالِي النَّعَمآءِ

وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا ، فَقَالَ جَلَّ جَلاَلُهُ : إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ ، يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ ، وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ ، وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ ، اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ ، اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَتَنَا وَأُمَّتَنَا ، وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا وَفُقَهَاءَنَا ، وَمَشَايِخَنَا صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا ، وَاجْعَلْنَا هُدَاةَ مُهْتَدِيْنَ.

اَللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ ، وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ ، وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَة ، وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً ، وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً ، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالإِيـْمَانِ ، وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْم

عِبَادَ اللهِ ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

KabeL DakwaH
KabeL DakwaH Owner Gudang Software Al-Amanah

Posting Komentar untuk "Istiqomah Pasca Ramadhan (Bahasa Jawa Halus) - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa"